Tampilkan postingan dengan label KAWERUH TINGGALAN LELUHUR. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label KAWERUH TINGGALAN LELUHUR. Tampilkan semua postingan

Kamis, 18 Agustus 2011

KAWERUH TINGGALAN LELUHUR 3

~Ngambil banyu apikulan warih, (‘ibrating manusa asal banyu, kedah angisep toya )
Lawanamet geni adedamar, miwah kang srengenge pine, (‘ibarat manusa asal ing geni, kedah angungsed latu) tuwin kang banyu kinum , (‘ibarat lereming sedya saestu ngungkuli asreping toya) myang dahono murub kabesmi (‘ibarat angubungi napsu) bumi kapetak (‘ibarat tiyang asor nandang kapesan) buwana katiup angin (‘ibarat tiyang tanpa guna,saestu prasasat kapendem ingkang lebet) tanggal pisan kapurnaman (‘ibarat insan kamil, tegesipun kala wiwit tumitah dados insan kamil,sareng musnaipun wangsul dateng insan kamil malih ,  tegesipun insan kamil manusa ingkang sampurna) yen anenub senteg pisan anigasi, (‘punika ‘ibarat sumpena dene sampun ngambah ‘alam kanyut lajeng tanginipun wangsul alam dunya malih)kuda ngerap ing pandengan (punika ‘ibarat angen-angen)

Selasa, 16 Agustus 2011

KAWERUH TINGGALAN LELUHUR 1


Add caption
~Sapa weruh kembang tepus kaki ( sinten ingkang sumerep sekar wewayangan kha' ) sasat weruh reke' artadaya, ( prasasat pirsa wiyosing kadadyan napsu), tunggal pancer sauripe, ( nunggil tancep ing gesangipun ), sapa weruh ing panuju, ( sinten ingkang sumerep parenganing manah ), sasat sugih pagere wesi,  ( prasasat kadunyan  apager tosan ), sinihan wong sajagad, ( pun senengi tiyang sabuwana ).

Senin, 15 Agustus 2011

KAWERUH TINGGALAN LELUHUR 2

Ana pandita akarya wangsit, (wonten pandita adamel wewangsit),
 mimba kombang angajab ing tawang,( punika pralambaning Dzat, tegesipun swara punika saking jatining pandulu),
 susuh angin  ngendi nggone,( tegesesusuhing angin punika jantung),
lawan galihing kangkung, ( tegeipun pralambanging rahsa, kajenging semu galihing kangkung, dados mustikaning jaler )
wekasaning langit jaladri, ( ibarat wewangening sorot, saestu tanpa wangenan) ,
isining wuluh wungwang, ( ibarat kahaning sir, awit wuluh wungwang punika tulupan, pandameling tulupan punika dumunung dados panuju),
myang gigiring punglu, (tegesipun gegering mimis, ibarat kaelokane Dzat , dene boten arah boten enggen, ananing mokal orane mesti anane ),
 tapaking kuntul anglayang, (punika pralambanging roh, dene wontenipun ing  jasad boten antawisipu )
 peksi miber uluke ngungkuli langit, ( ibarat rosaning budi, wimbuh salebeting jasad-kita ),
kusumanjrah ing tawang , ( ibarat kayu, tegesipun sari maratani ing pandulu)