Senin, 15 Agustus 2011

KAWERUH TINGGALAN LELUHUR 2

Ana pandita akarya wangsit, (wonten pandita adamel wewangsit),
 mimba kombang angajab ing tawang,( punika pralambaning Dzat, tegesipun swara punika saking jatining pandulu),
 susuh angin  ngendi nggone,( tegesesusuhing angin punika jantung),
lawan galihing kangkung, ( tegeipun pralambanging rahsa, kajenging semu galihing kangkung, dados mustikaning jaler )
wekasaning langit jaladri, ( ibarat wewangening sorot, saestu tanpa wangenan) ,
isining wuluh wungwang, ( ibarat kahaning sir, awit wuluh wungwang punika tulupan, pandameling tulupan punika dumunung dados panuju),
myang gigiring punglu, (tegesipun gegering mimis, ibarat kaelokane Dzat , dene boten arah boten enggen, ananing mokal orane mesti anane ),
 tapaking kuntul anglayang, (punika pralambanging roh, dene wontenipun ing  jasad boten antawisipu )
 peksi miber uluke ngungkuli langit, ( ibarat rosaning budi, wimbuh salebeting jasad-kita ),
kusumanjrah ing tawang , ( ibarat kayu, tegesipun sari maratani ing pandulu)