Selasa, 23 Agustus 2011

Donga Kidungan sedulur papat

Punika Donga Kidungan
Kagem rumeksa wilujengan sabaraja
     “Ati Adam ,cahyaku Muhammad,panduluku Rasul,Pinayungan Adam syara’.”
    “Tiga lana kamulannya,Nilaening araningwang.”
    “Ya Hu Dzat nyeng pamujineng wengi, pamujineng rina.”
    “Kadangku kapat kalima pancer, rumeksaa sauripku, nguyunana sasedyaku.”
Punika menawi boten saged memule  jangji enget kemawon cekap, anamung sirikpun menawi bade sare sampun dipun ajak sare, kinen rumeksa kemawon.

Dene ing benjing dumugining  jangji kedah kasampurnaaken, supados boten nyakrabawani, anggenipun nyampurnaaken kados ingngandap punika :
“ Kadangingsun kapat kalima pancer kang lair bareng sedina, kang metu seka marga hina lan kang ora metu seka marga hina, pada mulyaa kahanane dewe-dewe , kapurba dening kodratingsun.”
Saget kaapilaken kaping 25 miliha damelipun ing ngriku, yen wonten damel/perlu