Kamis, 18 Agustus 2011

KAWERUH TINGGALAN LELUHUR 3

~Ngambil banyu apikulan warih, (‘ibrating manusa asal banyu, kedah angisep toya )
Lawanamet geni adedamar, miwah kang srengenge pine, (‘ibarat manusa asal ing geni, kedah angungsed latu) tuwin kang banyu kinum , (‘ibarat lereming sedya saestu ngungkuli asreping toya) myang dahono murub kabesmi (‘ibarat angubungi napsu) bumi kapetak (‘ibarat tiyang asor nandang kapesan) buwana katiup angin (‘ibarat tiyang tanpa guna,saestu prasasat kapendem ingkang lebet) tanggal pisan kapurnaman (‘ibarat insan kamil, tegesipun kala wiwit tumitah dados insan kamil,sareng musnaipun wangsul dateng insan kamil malih ,  tegesipun insan kamil manusa ingkang sampurna) yen anenub senteg pisan anigasi, (‘punika ‘ibarat sumpena dene sampun ngambah ‘alam kanyut lajeng tanginipun wangsul alam dunya malih)kuda ngerap ing pandengan (punika ‘ibarat angen-angen)